Sabtu, 19 Desember 2015

Kecekel Pak Polisi

Ing bedhug mentor-mentor jono sepedahan ngalor ngidul amergo sepedahe anyar. Ing pertelon jono jetemu tonggone jenenge Luluk, luluk ngandani yen ing perempatan embong gedhe ing rumah sakit kamar medika ono operasi Luluk : “jon nek sepedahan ojok ngalor-ngalor soale ing perempatan rumah sakit kamar medika ono operasi.” Jono : “loh enggeh nopo bulek?” Luluk : “iyo jon,mangkane kowe seng ati-ati” Jono : “ enggeh bulek matur suwon.” Sak marine di kandani karo bulek Luluk, Jono tetep sepedahan menyang perempatan. Ing dalan jono mikir lan sepedahan genah genah ben ora nubruk koyok opo seng dikandani bulek kuwi mau. Miturut jono ing perempatan rumah sakit kamar medika onok kecelakaan seng akhire di operasi mangkane iku jono sepedahan alon alon. Sak tutuk e perempatan. Pak polisi :”tokno SIM lan surat suratmu.” Jono : (jono ora ngereken) Loh pundi pak kecelakaane ? Amergo kupinge jono rodok budheg jono ora nyaut opo seng di ajak ngomong pak polisi. Ora kakean omong pak polisi langsung nggawe surat tilangan marang jono. Ng kunu jono sadar yen seng di maksud bulekne maeng yoiku operasi tilangan duduk operasi kecelakaan . akhire jono moleh lan nggowo surat tilangan. Create by : Ika nurmaulinda R (22) dan Miftakhul jannah (23)

Ealah

Ing sawijining dino,wayah isuk Ibu Rini lan Sukiman teko ing rumah sakit umum gawe ngecek kesehatane Sukiman. Pas tekan rumah sakit Ibu Rini lan Sukiman ngenteni nomer antriane diceluk. Sukiman : Buk, antriane iki sek suwe ta ? Ibu Rini : Yo eh nak, ayok dienteni ambek mangan bakso man ? Sukiman : Mantep buk. Tapi mengko nek nomer antriane diceluk karo petugas rumah sakit iki piye buk ? pas aku lan ibu budal nggolek bakso ? Ibu Rini : Yowes nak lak ancen nomer antriane wes diceluk yawes tinggal moleh ae. Digowo nang dukun ae nak mari. Sukiman : loh kok dukun se buk.yo wes aku nurut ibu wae. Pas enak omong-omongan, nomer antriane Ibu Rini lan Sukiman diceluk karo petugas rumah sakit umum. Ibu Rini lan Sukiman melbu ing ruang dokter seng ajenge mriksa kesehatane Sukiman. Dokter : Monggo pinarak buk ? Ibu Rini : Enggeh dok. Dokter : Wonten keluhan nopo buk ? Ibu Rini : Mboten kulo pak dokter, niki anak kulo Sukiman badhe ngecek kesehatane.soale tipes Sukiman niku kumat dok ? Dokter : Enggeh buk, sekedap Sukiman kulo priksa rumiyin. Ibu Rini ngenteni Dokter ingkang mriksa Sukiman. Sukiman dipriksa Dokter lan mari dipriksa Sukiman lan Dokter marani Ibu Rini. Dokter : Tipes Sukiman sampun parah buk. Nili kudu dirawat inap rumiyin kiro-kiro seminggu buk. Ibu Rini : Loh. Enggeh mboten nopo-nopo dok Sukiman rawat inap mawon. Dokter : Enggeh buk. Panjenengan nopo sampun ngurus surat rujukan tekan pukesmas buk ? Ibu Rini : Loh, kaleh surat rujukan saking pukesmas tad ok ? Dokter : Enggeh buk. Lak panjenengan mboten wonten surat rujukan nggeh mboten saget buk. Ibu Rini : Loh yaknopo sr dok. Tapi niki Sukiman tipes.e sampun parah. Dokter : Tapi mboten saget buk dirawat inap ing mriki. Ibu Rini : Yowes dok. Lek roh ngunu mending panjenengan ora usah dadi dokter ? Dokter : Lah terus dadi nopo buk ? Ibu Rini : Kono loh dok dadi bakul telo ben ora nyumpeki rumah sakit.onok ae aturan koyok ngunu kui. Dokter : Loh nek kulo dodol telo, panjenengan purun tumbas tabuk ? Ibu Rini : Yo gak dok. Aku wes duwe tandurane sak kampong. Dokter : Oh ancene, ora sido dodol telo lak ngunu buk. Ancene panjenengan ae seng kudet mboten ngerti jaman saiki peraturane rumah sakit. Peraturan rumah sakit sakniki kale biyen bedo buk. Ibu Rini : Yo wes, nek ngunu ora sido nang rumah sakit iki. Nang dukun wae man ora atek nggowo ngunu kui. Ngeribeti ae. Sukiman : Enggeh buk ten dokter mawon.ayo buk mantuk langsung ten dukun. Ibu Rini : Yo nak ayo wes. Dokter : (Mbaten nang ati ambek ngelus dodo). Kok onok wong koyok ngene iki. Ibu Rini lan Sukiman ninggalake rumah sakit umum iku. Nganti kahanan rumah sakit umum normal maneh dan mlaku koyok biasane. Create by : 1. Amalia Pranawaningati (08) dan Tiara Ayu Putri Lestari (32)

Pelayanan Hukum

Ing wayah sore,jarwo lagek asik mangan sego goreng ing pinggir dalan.sakwise warek lan wetenge dadi mbendung jarwo gopoh moleh menyang omah. Nang tengah dalan jarwo ujuk-ujuk di srempet bronvit abang seng ugal-ugalan .ndelalah jarwo ndelalah jarwo langsung njelungup kejelungup.egak onk bekas loro ing kejadian kuwi nanging sandale jarwo pedot seseh.saka kejadian kuwi jarwo kudu mlaku ora ngnggo sandal padahal omah’e esek adoh banget.jarwo nguwasno ono toko seng dodolan sandal. Jarwo langsung njujuk toko kuwi banjur gawe tuku sandal ndelalah duwek’e ora onok. Dumadakan metu pikiran elek saka utek’e jarwo sakjoke motone jarwo nyawang onok masjid sing katon akeh sandal njumejer.jarwo langsung apen-apen lungguh nang teras masjid kuwi ngenteni sepi uwong banjur njupuk sandal seng di sawang paling apik siasate kuwi iso lancar lan kelakon tapi jarwo ora weroh nek wong seng nduweni sandal kuwi metu saka masjid wong kuwi langsung mbengok’’Maling............maling...?egak suwe jarwo di cekelbanjur di laporake nang kantor polisi sakwise di cekel jarwo di wenehi pitakon-pitakon saka polisi jarwo di jerat pasal nyolong lan kasuse bakal disidang 2 minggu engkas. Dino sidang sing di enteni jarwo tiba jarwo dilungguhake nang kursi sidang. Hakim : “Jarwo kowe wes kebukten nyolong sandal seng regane 30.000, kanthi iki kowe diukum 5 taun penjara”. Jarwo : “Lho??, iki gak adil pak mosok aku di ukum luwih abot saka koruptor?.” Hakim ngekeki kejelasan menawa jarwo sandal 30.000 lanek koruptor nyolong duwek 2 milyar. Sainggo ngrugekno 200 nyuto rakyat lanek diitung koruptor amung ngrugekno 50 rupiah wae. Sakben wonge dadi kelakuan seng dilakokake jarwo luweh gede saka kelakuan koruptor. Create by : Dian ayu winanti (15) dan Tri indah wahyuni (34)