Sabtu, 13 Februari 2016
“PAGER SEKOLAH”
Siji dino lulus lan vita lungguh-lungguh ing taman sekolah , tepate SMA Negeri 1 Mojokerto.
Lulus : vit delok.en ta pagere !!
Vita : opo’o lus pagere ?
Ketokane kate dibangun pager maneh seng luwih dukur .
Vita : loh iyo ta lus ??
Lulus : iyo vit aku gak sengojo krungu pas guru-guru omong-omongan .
Vita : ndahyo lus opo gunane mbangun pager maneh, pager siji wae gak ngentekno kok pager loro !
Lulus : hahaha...koyok panganan wae vit..vit..?
Vita : lah ancene loh lus koyok nang kebon binatang ae, wes sekolahane rumbuk koyok alas , ditambah maneh jange dibangun pager dukur pisan!
Lulus : loh yo gak ngunu vit dipasang pager meneh sing luwih dukur iku sek arek-arek seng kate mencoloti pager sek gak iso mencolot maneh !!
Vita : iyo paleng yo lus ...
Lulus : yawes vit ayo nang kelas mari ngene bel masuk . . . .
Akhire lulus lan vita mbalek nang kelas’e .
NAMA KELOMPOK :
Lulus Yulianti (21), Vita Irindayani (36)
Kantor pos
Ing dino minggu Sumarni teko marang kantor pos. Margo kejange ngirim surat menyang anak’e seng ndek jakarta. Terus Sumarni teko marang petugas kantor pos piye carane ngirim surat.
Petugas kantor pos: “ana sing isok kulo rewangi buk?????”
Sumarni : ”aku arep ngirim surat nang anakku sing nang jakarta”
Petugas kantor pos: ”enggeh buk sampean deleh teng petugas sing teng wengkeng”
Sumarni : “nggeh suwon pak”
Sak minggu Sumarni kok durung oleh balesan surat teko anak’e. Terus Sumarni takok nang anak’e jarene anak’e wes bales surate lan wes dikirim menyang kantor pos. Sumarni langsung muring-muring nang petugas kantor pos. Sumarni seng sek gawe klambi acak-acakan iku langsung budal nang kantor pos.
Sumarni : “piye toh iki balesan surat teko anakku kok durung nyampek nang aku, apa awakmu seng balesi”
Petugas kantor pos: “enggeh mboten ngertos buk, mosok enggeh kulo seng balesi? Wong kulo ae mboten semerap anak sampean.”
Sumarni : “yo be’e seh kowe seneng anakku!”
Petugas kantor pos: “enggeh mboten toh buk!!!! Buk sampean mboten isin ta di deleng wong akeh, klambi sampean lho acak-acakan gak karuan”
Sumarni : “(deleng nang mburi dadakno akeh wong seng deleng). Lho iyo’e aku kok ora ngerti.
Akhire Sumarni balek marang kantor pos karo rai-rai isin amarga diguyu wong seng onok ing kantor pos
Create by : Ainun Vanani (07), Pradila S. (29)
Rabu, 20 Januari 2016
GARA – GARA DUWIK SEYUTA
Ing sawijining dino Yuk Gemi nduwe utang nang rentenir . Yuk Gemi bingung jalaran ora nduwe duwik gawe bayar utang . Agus anake Yuk Gemi kondo marang Ibuk’e .
Agus : Buk , utange piye ?
Yuk Gemi : Yoiku nak ibuk bingung
Agus : Weduse kepriye yen disade mawon
Yuk Gemi : Yowes , rapopo sing penting iso gawe nyicil utang
Agus : Nggeh Buk , benjing kulo ten peken sadean wedus
Yuk Gemi : Iyo nak , lek ngedol njaluko rego larang yo nak
Agus : Nggeh buk , pinten ?
Yuk Gemi : Setengah juta nak
Agus : Nggeh buk
Isuk’e Agus ngedol weduse nang pasar kewan cidek omahe .
Pak Supri : Gus , menyang ngendi ?
Agus : Sadean wedus kula niki pak
Pak Supri : Loh lapo wedus’e didol ?
Agus : Nggeh pak dalem nyaur utang
Pak Supri : Se ndelok weduse
Agus : Nggeh niki pak
Agus nduduhno weduse marang Pak Supri sing biasane dodol wedus lan sapi marang wong – wong .
Pak Supri : Awakmu njaluk rego piro gus ?
( pitakone Pak Supri marang Agus )
Agus : Terose ibuk setengah juta pak
Pak Supri : Iyo iki gus tak ke’i , nyoh limangatus ewu
Agus : Loh…pak mboten pun pak terose ibu setengah juta
Agus ngowo weduse mbalek moleh menyang omahe
Yuk Gemi : Piye nak uwis payu wedus’e ?
Agus : Dereng buk
Yuk Gemi : Loh ndalapo ?
Agus : Niku wau sampun dinyang limangatus ewu kaleh Pak Supri kula
mboten purun soale terose ibuk setengah juta
Yuk Gemi : Ndoalah gus – agus podo ae gus setengah juta karo limangatus ewu
Kowe iku sekolah kelas piro ? gak pinter – pinter tambah ngelu ibuk
iki
Agus meneng karo mesam – mesem karo kukur – kukur sirane
Create by : Dwi Susi A. (15), Nisa Trie A. (26)
Sabtu, 16 Januari 2016
ADIWIYATA GOLEK ROSOKAN
Siji dino sekolah SMAN 1 MOJOKERTO onok kabaran yen arep dadi sekolah adiwiyata nasional. Ing selah - selah pelajaran salah siwijine guru ngumumake nang murid – murid menawa sekolah arep dadi sekolah adiwiyata nasional .
Guru : “Nak sekolahe kene arep dadi adiwiyata nasional . opo seng mbok siapno di gawe adiwiyata ?”.
Nia : “Nggeh pak ,kulo nggeh sregep ngeresiki kelas”.
Guru : “Yo ora mung ngeresiki kelas tok nduk !! lha kowe ver nyiapno opo ?”.
Vera : “Lek kulo nggeh kudu siap mental pak”.
Guru : “Lho kok siap mental ?”.
Vera : “Nggeh pak soale nek wes dadi sekolah adiwiyata akeh aturane ,wis milah sampah, ngeresiki taman ,yen dereng resik ngeken di oreng oreng gurune . Mangkane iku pak kudu siap mental !!”.
Guru : “Kenopo kowe jawab koyok ngunu?. Ngene lho ver nek sekolahane kene melok adiwiyata nasional kabeh murid lan anggota sekolah kudu ngeresiki sekolahanne ben ketok apik lan resik . Isok peduli lingkungan . Ora mung resik – resik tok”.
Vera : “Ngeten lho pak nek sekolah adiwiyata iku mboten ngeresiki lan peduli lingkungan nanging kene di ajari golek rosokan lan mari ngunu rosokane di sade pak !!”.
Guru : “ Yo ora ngunu ver . kowe iku salah ngerteni !!”.
Vera : “Nggeh mboten pak”.
Akhire guru kuwi bengong jawab pitakonan teko murid e lan langsung bahas materine ora gatekno pitakon murid e.
Di buat oleh : Adiba ululismi ramadhania(04), Vera verdiana (35)
“SALAH PAHAM”
Wayah isuk Adinda lan Ririn mlaku-mlaku ing Benteng Pancasila Mojokerto, bocah loro kuwi banjur dolek panganan lan klambi. Sak wise saka Benteng Pancasila, bocah loro kuwi mulih mlaku ngelewati toko-toko klambi, elektronik, lan toko sepatu. Nanging ing ngarepe toko sepatu, bocah loro kuwi kepincut lan arep melbu menyang toko sepatu kuwi.
Adinda: “Rin, apa kowe gelem melok aku melbu ing toko sepatu kuwi ?”
Ririn:“iyo Din, aku yo kepingin ndelok sepatu ing toko kuwi.”
Adinda:“Oalah, yo wes ayo.”
Sak wise Adinda lan Ririn omong-omongan, bocah loro kuwi banjur melbu ing toko sepatu kuwi. Ing njero toko kuwi ana karyawan toko ngucapake sugeng injing marang Adinda lan Ririn.
Karyawan:“Sugeng injing monggo ditinggali sepatune mbak.”(banjur nguyu)
Adinda:“Injing nggeh mbak.”
Adinda lan Ririn banjur mlaku alon-alon, ing rak sepatu iku bocah loro kuwi yo ketemu karyawan toko sing pada ngguyu lan mesam-mesem marang Adinda lan Ririn. Amarga kelakuan karyawan kuwi Ririn bisik-bisik marang Adinda.
Ririn:“Din, coba delengen karyawan kuwi, mesam-mesem karo ngguya-ngguyu wae, kuwi kenek apa to ?”
Adinda:“Alalah aku yo ora ngerti Rin, apa ana sing lucu yo ?”
Ririn:“Aku yo ora paham, ora ngerti.”
Sak wise bocah loro kuwi nyobak-nyobak sepatu, bocah loro kuwi pindah ing kasir amarga arep tuku sepatu sing wis dipilih. Ing daerah kasir, Adinda ndeleng karyawan kasir nomor 1 nanging yo tetep ngguru marang Adinda. Adinda terus nguwasake karyawan kasir 2 nganti 3 yo pada wae ngguyu marang Adinda.
Adinda:“Lah Rin, kabeh karyawan kasir mesam-mesem Rin.”
Ririn:“Iyo Din, ana apa to Din ?”
Adinda:“(nguwasake tulisan ing tembok mburine kasir) Ana tulisan Rin.”
Ririn:“Tulisan apa ?”
Adinda:“Woro-woro yen ana karyawan ing toko iki sing ora gelem ngguyu marang pengunjung-pengunjung duweni hak duwek 100.000 saka karyawan.”
Ririn:“Oalah Din, karyawan kuwi ngguyu ben ora kepeksan ngeke’i duwek 100.000 ewu.”
Adinda:“Iyo Rin.”
Adinda lan Ririn ngguyu bareng amarga karyawan kuwi ora ngguyu gara-gara rupane Adinda lan Ririn sing kumus-kumus, nanging amarga kepeksan supaya ora kelangan duwek 100.000 ewu.
Create by :
Cici Miftakhul U. (13)
Yunifa Arum F. (37)
Foto lan kopi
Ingwayah sore, ariplanbapakelagitenguk – tengukingngarepomah. Wong 2 kuwilagiomong – omonganamergahawanepanas ,lanudanedorongmudun. Ndelalaharipiling yen anatugastekogurune.
Arip :“Pak, ngapuntenkulomelbetdisek. Kulotasiling yen anatugasndugi guru kulo.”
Bapak :“Tugasapanak ?”
Arip :“Tugasdikengkenfoto kopi. Bapakpurunngeterkekulofoto kopi?”
Bapak :“oalah, iyasekentenononangkenenak.”
Pas bapakearipmelbuomah,orasuwetitikbapakmetukarogowo kopi lanfotopas cilikanearip. Ariptakonnangbapak.
Arip : “Lohpak, damelnapa kopi lanfotocilikanekuloniki.”
Bapak : “Lahawakmungongkonbapakngeternofotolan kopi.”
Arip : “Mbotenfotolan kopi nikipak, tapikulodikengkenfotocopybukukulopak.”
Bapak : “oalahnakbapakeorahngerti” ( ambiknguyu )
Akhireariplanbapakebudalfotocopyingjagalan………..
Create by : Fani Ferdiana (17), Tia Natalia (31)
Langganan:
Postingan (Atom)