Sabtu, 16 Januari 2016

“SALAH PAHAM”

Wayah isuk Adinda lan Ririn mlaku-mlaku ing Benteng Pancasila Mojokerto, bocah loro kuwi banjur dolek panganan lan klambi. Sak wise saka Benteng Pancasila, bocah loro kuwi mulih mlaku ngelewati toko-toko klambi, elektronik, lan toko sepatu. Nanging ing ngarepe toko sepatu, bocah loro kuwi kepincut lan arep melbu menyang toko sepatu kuwi. Adinda: “Rin, apa kowe gelem melok aku melbu ing toko sepatu kuwi ?” Ririn:“iyo Din, aku yo kepingin ndelok sepatu ing toko kuwi.” Adinda:“Oalah, yo wes ayo.” Sak wise Adinda lan Ririn omong-omongan, bocah loro kuwi banjur melbu ing toko sepatu kuwi. Ing njero toko kuwi ana karyawan toko ngucapake sugeng injing marang Adinda lan Ririn. Karyawan:“Sugeng injing monggo ditinggali sepatune mbak.”(banjur nguyu) Adinda:“Injing nggeh mbak.” Adinda lan Ririn banjur mlaku alon-alon, ing rak sepatu iku bocah loro kuwi yo ketemu karyawan toko sing pada ngguyu lan mesam-mesem marang Adinda lan Ririn. Amarga kelakuan karyawan kuwi Ririn bisik-bisik marang Adinda. Ririn:“Din, coba delengen karyawan kuwi, mesam-mesem karo ngguya-ngguyu wae, kuwi kenek apa to ?” Adinda:“Alalah aku yo ora ngerti Rin, apa ana sing lucu yo ?” Ririn:“Aku yo ora paham, ora ngerti.” Sak wise bocah loro kuwi nyobak-nyobak sepatu, bocah loro kuwi pindah ing kasir amarga arep tuku sepatu sing wis dipilih. Ing daerah kasir, Adinda ndeleng karyawan kasir nomor 1 nanging yo tetep ngguru marang Adinda. Adinda terus nguwasake karyawan kasir 2 nganti 3 yo pada wae ngguyu marang Adinda. Adinda:“Lah Rin, kabeh karyawan kasir mesam-mesem Rin.” Ririn:“Iyo Din, ana apa to Din ?” Adinda:“(nguwasake tulisan ing tembok mburine kasir) Ana tulisan Rin.” Ririn:“Tulisan apa ?” Adinda:“Woro-woro yen ana karyawan ing toko iki sing ora gelem ngguyu marang pengunjung-pengunjung duweni hak duwek 100.000 saka karyawan.” Ririn:“Oalah Din, karyawan kuwi ngguyu ben ora kepeksan ngeke’i duwek 100.000 ewu.” Adinda:“Iyo Rin.” Adinda lan Ririn ngguyu bareng amarga karyawan kuwi ora ngguyu gara-gara rupane Adinda lan Ririn sing kumus-kumus, nanging amarga kepeksan supaya ora kelangan duwek 100.000 ewu. Create by : Cici Miftakhul U. (13) Yunifa Arum F. (37)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar