Rabu, 20 Januari 2016
GARA – GARA DUWIK SEYUTA
Ing sawijining dino Yuk Gemi nduwe utang nang rentenir . Yuk Gemi bingung jalaran ora nduwe duwik gawe bayar utang . Agus anake Yuk Gemi kondo marang Ibuk’e .
Agus : Buk , utange piye ?
Yuk Gemi : Yoiku nak ibuk bingung
Agus : Weduse kepriye yen disade mawon
Yuk Gemi : Yowes , rapopo sing penting iso gawe nyicil utang
Agus : Nggeh Buk , benjing kulo ten peken sadean wedus
Yuk Gemi : Iyo nak , lek ngedol njaluko rego larang yo nak
Agus : Nggeh buk , pinten ?
Yuk Gemi : Setengah juta nak
Agus : Nggeh buk
Isuk’e Agus ngedol weduse nang pasar kewan cidek omahe .
Pak Supri : Gus , menyang ngendi ?
Agus : Sadean wedus kula niki pak
Pak Supri : Loh lapo wedus’e didol ?
Agus : Nggeh pak dalem nyaur utang
Pak Supri : Se ndelok weduse
Agus : Nggeh niki pak
Agus nduduhno weduse marang Pak Supri sing biasane dodol wedus lan sapi marang wong – wong .
Pak Supri : Awakmu njaluk rego piro gus ?
( pitakone Pak Supri marang Agus )
Agus : Terose ibuk setengah juta pak
Pak Supri : Iyo iki gus tak ke’i , nyoh limangatus ewu
Agus : Loh…pak mboten pun pak terose ibu setengah juta
Agus ngowo weduse mbalek moleh menyang omahe
Yuk Gemi : Piye nak uwis payu wedus’e ?
Agus : Dereng buk
Yuk Gemi : Loh ndalapo ?
Agus : Niku wau sampun dinyang limangatus ewu kaleh Pak Supri kula
mboten purun soale terose ibuk setengah juta
Yuk Gemi : Ndoalah gus – agus podo ae gus setengah juta karo limangatus ewu
Kowe iku sekolah kelas piro ? gak pinter – pinter tambah ngelu ibuk
iki
Agus meneng karo mesam – mesem karo kukur – kukur sirane
Create by : Dwi Susi A. (15), Nisa Trie A. (26)
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar