Rabu, 20 Januari 2016

GARA – GARA DUWIK SEYUTA

Ing sawijining dino Yuk Gemi nduwe utang nang rentenir . Yuk Gemi bingung jalaran ora nduwe duwik gawe bayar utang . Agus anake Yuk Gemi kondo marang Ibuk’e . Agus : Buk , utange piye ? Yuk Gemi : Yoiku nak ibuk bingung Agus : Weduse kepriye yen disade mawon Yuk Gemi : Yowes , rapopo sing penting iso gawe nyicil utang Agus : Nggeh Buk , benjing kulo ten peken sadean wedus Yuk Gemi : Iyo nak , lek ngedol njaluko rego larang yo nak Agus : Nggeh buk , pinten ? Yuk Gemi : Setengah juta nak Agus : Nggeh buk Isuk’e Agus ngedol weduse nang pasar kewan cidek omahe . Pak Supri : Gus , menyang ngendi ? Agus : Sadean wedus kula niki pak Pak Supri : Loh lapo wedus’e didol ? Agus : Nggeh pak dalem nyaur utang Pak Supri : Se ndelok weduse Agus : Nggeh niki pak Agus nduduhno weduse marang Pak Supri sing biasane dodol wedus lan sapi marang wong – wong . Pak Supri : Awakmu njaluk rego piro gus ? ( pitakone Pak Supri marang Agus ) Agus : Terose ibuk setengah juta pak Pak Supri : Iyo iki gus tak ke’i , nyoh limangatus ewu Agus : Loh…pak mboten pun pak terose ibu setengah juta Agus ngowo weduse mbalek moleh menyang omahe Yuk Gemi : Piye nak uwis payu wedus’e ? Agus : Dereng buk Yuk Gemi : Loh ndalapo ? Agus : Niku wau sampun dinyang limangatus ewu kaleh Pak Supri kula mboten purun soale terose ibuk setengah juta Yuk Gemi : Ndoalah gus – agus podo ae gus setengah juta karo limangatus ewu Kowe iku sekolah kelas piro ? gak pinter – pinter tambah ngelu ibuk iki Agus meneng karo mesam – mesem karo kukur – kukur sirane Create by : Dwi Susi A. (15), Nisa Trie A. (26)

Sabtu, 16 Januari 2016

ADIWIYATA GOLEK ROSOKAN

Siji dino sekolah SMAN 1 MOJOKERTO onok kabaran yen arep dadi sekolah adiwiyata nasional. Ing selah - selah pelajaran salah siwijine guru ngumumake nang murid – murid menawa sekolah arep dadi sekolah adiwiyata nasional . Guru : “Nak sekolahe kene arep dadi adiwiyata nasional . opo seng mbok siapno di gawe adiwiyata ?”. Nia : “Nggeh pak ,kulo nggeh sregep ngeresiki kelas”. Guru : “Yo ora mung ngeresiki kelas tok nduk !! lha kowe ver nyiapno opo ?”. Vera : “Lek kulo nggeh kudu siap mental pak”. Guru : “Lho kok siap mental ?”. Vera : “Nggeh pak soale nek wes dadi sekolah adiwiyata akeh aturane ,wis milah sampah, ngeresiki taman ,yen dereng resik ngeken di oreng oreng gurune . Mangkane iku pak kudu siap mental !!”. Guru : “Kenopo kowe jawab koyok ngunu?. Ngene lho ver nek sekolahane kene melok adiwiyata nasional kabeh murid lan anggota sekolah kudu ngeresiki sekolahanne ben ketok apik lan resik . Isok peduli lingkungan . Ora mung resik – resik tok”. Vera : “Ngeten lho pak nek sekolah adiwiyata iku mboten ngeresiki lan peduli lingkungan nanging kene di ajari golek rosokan lan mari ngunu rosokane di sade pak !!”. Guru : “ Yo ora ngunu ver . kowe iku salah ngerteni !!”. Vera : “Nggeh mboten pak”. Akhire guru kuwi bengong jawab pitakonan teko murid e lan langsung bahas materine ora gatekno pitakon murid e. Di buat oleh : Adiba ululismi ramadhania(04), Vera verdiana (35)

“SALAH PAHAM”

Wayah isuk Adinda lan Ririn mlaku-mlaku ing Benteng Pancasila Mojokerto, bocah loro kuwi banjur dolek panganan lan klambi. Sak wise saka Benteng Pancasila, bocah loro kuwi mulih mlaku ngelewati toko-toko klambi, elektronik, lan toko sepatu. Nanging ing ngarepe toko sepatu, bocah loro kuwi kepincut lan arep melbu menyang toko sepatu kuwi. Adinda: “Rin, apa kowe gelem melok aku melbu ing toko sepatu kuwi ?” Ririn:“iyo Din, aku yo kepingin ndelok sepatu ing toko kuwi.” Adinda:“Oalah, yo wes ayo.” Sak wise Adinda lan Ririn omong-omongan, bocah loro kuwi banjur melbu ing toko sepatu kuwi. Ing njero toko kuwi ana karyawan toko ngucapake sugeng injing marang Adinda lan Ririn. Karyawan:“Sugeng injing monggo ditinggali sepatune mbak.”(banjur nguyu) Adinda:“Injing nggeh mbak.” Adinda lan Ririn banjur mlaku alon-alon, ing rak sepatu iku bocah loro kuwi yo ketemu karyawan toko sing pada ngguyu lan mesam-mesem marang Adinda lan Ririn. Amarga kelakuan karyawan kuwi Ririn bisik-bisik marang Adinda. Ririn:“Din, coba delengen karyawan kuwi, mesam-mesem karo ngguya-ngguyu wae, kuwi kenek apa to ?” Adinda:“Alalah aku yo ora ngerti Rin, apa ana sing lucu yo ?” Ririn:“Aku yo ora paham, ora ngerti.” Sak wise bocah loro kuwi nyobak-nyobak sepatu, bocah loro kuwi pindah ing kasir amarga arep tuku sepatu sing wis dipilih. Ing daerah kasir, Adinda ndeleng karyawan kasir nomor 1 nanging yo tetep ngguru marang Adinda. Adinda terus nguwasake karyawan kasir 2 nganti 3 yo pada wae ngguyu marang Adinda. Adinda:“Lah Rin, kabeh karyawan kasir mesam-mesem Rin.” Ririn:“Iyo Din, ana apa to Din ?” Adinda:“(nguwasake tulisan ing tembok mburine kasir) Ana tulisan Rin.” Ririn:“Tulisan apa ?” Adinda:“Woro-woro yen ana karyawan ing toko iki sing ora gelem ngguyu marang pengunjung-pengunjung duweni hak duwek 100.000 saka karyawan.” Ririn:“Oalah Din, karyawan kuwi ngguyu ben ora kepeksan ngeke’i duwek 100.000 ewu.” Adinda:“Iyo Rin.” Adinda lan Ririn ngguyu bareng amarga karyawan kuwi ora ngguyu gara-gara rupane Adinda lan Ririn sing kumus-kumus, nanging amarga kepeksan supaya ora kelangan duwek 100.000 ewu. Create by : Cici Miftakhul U. (13) Yunifa Arum F. (37)

Foto lan kopi

Ingwayah sore, ariplanbapakelagitenguk – tengukingngarepomah. Wong 2 kuwilagiomong – omonganamergahawanepanas ,lanudanedorongmudun. Ndelalaharipiling yen anatugastekogurune. Arip :“Pak, ngapuntenkulomelbetdisek. Kulotasiling yen anatugasndugi guru kulo.” Bapak :“Tugasapanak ?” Arip :“Tugasdikengkenfoto kopi. Bapakpurunngeterkekulofoto kopi?” Bapak :“oalah, iyasekentenononangkenenak.” Pas bapakearipmelbuomah,orasuwetitikbapakmetukarogowo kopi lanfotopas cilikanearip. Ariptakonnangbapak. Arip : “Lohpak, damelnapa kopi lanfotocilikanekuloniki.” Bapak : “Lahawakmungongkonbapakngeternofotolan kopi.” Arip : “Mbotenfotolan kopi nikipak, tapikulodikengkenfotocopybukukulopak.” Bapak : “oalahnakbapakeorahngerti” ( ambiknguyu ) Akhireariplanbapakebudalfotocopyingjagalan……….. Create by : Fani Ferdiana (17), Tia Natalia (31)